Kumpulan Khutbah Bahasa Jawa : Langkah Ingkang Mbatalaken Syahadat

Bookmark and Share Cetak Halaman Ini

Lampah Ingkang mBatal-aken Syahadat

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِىْ هَدَا نَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِ يَ لَوْلاَ أَنْ هَدَا نَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لآَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِ كَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَا بِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ. أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْن.

Jama’ah Jum’at Rahimakumulloh

Puji syukur kita kunjuk-aken dhateng Alloh SWT awit paringipun rohmat lan hidayahipun, langkung-langkung hidayah Iman, Islam lan kesehatan ing manah kita panjenengan sami. Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhateng Nabi Agung Muhammad SAW, keluarga, shahabat lan dhateng kita sami, amien.

Saklajeng-ipun kula ngajak dhateng awak kula, minggahipun dhateng para Jama'ah, monggo kita ningkataken raos iman lan taqwa kita dhateng Alloh SWT, kanthi estu-estu nuhoni dhateng dhawuh-dhawuhipun saha nebihi menapa ingkang dados awisanipun. Kanthi mekaten mugi kita kalebetaken dhateng ewonipun tiyang ingkang pikantuk kauntungan, amien.

Jama’ah Jum’at Rahimakumullah

Islam kasebat kanthi sebatan Agami Tauhid, ingkang tegesipun agami ingkang kagungan tata keyakinan bilih, mboten wonten tuhan ingkang wajib lan kagungan hak dipun sembah ( dipun ibadahi ) kejawi Alloh SWT piyambak. Saben-saben tiyang ingkang sampun ngucap-aken kalih kalimat Syahadat ( Syahadatain ) :

أَشْهَدُ أَنْ لآَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًارَسُوْ لُ اللهُُ.

‘Kula nyekseni bilih mboten wonten tuhan ingkang wajib lan kagungan hak dipun sembah kejawi Alloh, lan kula nyekseni bilih Nabi Muhammad SAW punika utusan-ipun Alloh”.

kanthi kesadaran lan ikhlas-ipun manah, ....

untuk download klik disini.